Sawise Kongres, Banjur?

kongres

Foto: Dhoni Zustiyantoro

KONGRES Kebudayaan Jawa wis kagelar ing Hotel Lor In, Solo, 10-12 November kepungkur. Kongres kasebut ngasileke bab kang digadhang-gadhang bisa dadi paugerane para pamangku praja nalika kudu gawe paugeran ngenani kabudayan Jawa.

Sing sepisan, ana ing tataran akademis, kongres kang kasil saka makarya bareng antarane Yayasan Studi Bahasa Jawa Kanthil, Balai Bahasa Jateng, ISI Surakarta, lan Pemerintah Jateng, Jatim, lan DIY iku menehi pamanggih yen pamerintah kudu cepet-cepet ngrancang lan ngresmekake Undang-Undang Kebudayaan minangka payung hukum lakune kabudayan ing jaman samangke. Temtu, lumantar aturan kasebut, kabeh acara lan agenda kabudayan dikarepake bisa dicethakake sapa kang bakal ngayahi.

Saliyane iku, Undang-Undang uga dikarepake bisa dadi sarana regenerasi ing bab asil-asil kabudayan, kayata kesenian, sastra, lan basa. Ing kene, nyatane kudu ana cara kang cetha supaya ing mengko tetep ana kang nerusake lakuning kabudayan Jawa. Ora liya kajaba para generasi penerus bangsa. Kang kaloro, ing tataran institusional, kongres nduweni pamanggih yen pamerintah kudu gawe paguyuban kabudayan ing tataran kota, kabupaten, lan propinsi. Iku dadi bab kang penting tumrap warga masyarakat supaya bisa sacara mardika nggelar acara kabudayan.

Saliyane iku, paguyuban uga minangka wadhah kanggo merjuwangake “hak” ing bab kabudayan. Amarga, kaya dene sing diandharake dening ketua kongres, Prof Soetomo WE MPd, nglaksanakake acara kabudayan iku sejatine wis dadi hak bebrayan. Tegese, yen pamerintah ora menehi papan panggonan lan kawigaten, ujare, iku berarti wis “melanggar hak asasi manusia (HAM)”. Lumantar paguyuban bebrayan uga dikarepake nduweni papan kanggo berkekspresi lan rekreasi seni.

Katelu, ing tataran praksis, kongres rencanane bakal digelar patang taun sepisan. Iku bisa minangka sarana kanggo ngoreksi apa wae kang wis dilaksanakake lan apa kang perlu diterusake. Publikasi lumantar media massa uga ditambah supaya sansaya akeh wong kang ngerteni kegiyatan lan rencana sing ana gegayutane karo kabudayan. Telung tataran rekomendasi iku, miturut Soetomo, diwenehake marang pamangku kepentingan, wiwit kementerian, propinsi, lan kabupaten. Kanthi cara mangkono, apa kang dikarepake saka kongres sing ngentekake prabeya kang ora sithik iku bisa kasembadan.

Ora Cukup

Ananging, sawise menehake asil kongres, apa kang kudu dilakoni supaya bisa enggal kagayuh kang dadi kekarepan? Yen mung thenguk-thenguk ngenteni asil, temtu ora cukup. Dibutuhake kerja nyata kanggo mujudake apa kang dadi gegayuhan bebarengan. Istilahe, padha-padha mlakune: antarane pamerintah, para pelaku, lan bebrayan umum.

Yen ndeleng kasunyatan nganti seprene, jan-jane sing diarani “arah kebijakan kabudayan” pancen ora tau cetha. Iku katitik saka ora cethane apa kang bakal digayuh, lembaga apa kang nduweni tanggung jawab, nganti rencana lan asil apa kang kudu diayahi.

Nalika menehi materi ing kongres, Bupati Tegal kang uga dhalang, Enthus Susmono, ngandharake yen nganti seprene pamerintah durung bisa menehi perlindungan marang para seniman lan pelaku kabudayan kang lagi makarya. Tuladhane, miturut Enthus, ing kutha Sukoharjo isih ana pawarta kang nyebutake yen saben ana pergelaran wayang kulit, bakal digerebek amarga dicap musyrik. Iku kedadeyan tenan. Isih ana wae dhalang kang lagi mbabar lakon, utawa isa diarani nyambutgawe, diendhegake lakune karo organisasi massa kang ora seneng iku mau. Asile, dhalang lan rombongane kocar-kacir padha mlayu!

Pamerintah lan aparat keamanan ora bisa menehi perlindungan sacara hukum utawa sacara langsung ana ing lapangan. Nyatane wong-wong kang makarya lumantar kesenian kudu berjuang dhewekan, tanpa cawe-cawe pihak kang dikarepake bisa njamin lan menehi dukungan sacara nyata. Ananging pancen ora akeh uga seniman kang gelem nyuwara lan bisa merjuangake awake dhewe lan kancane. Ing bab iki, Enthus paring pamanggih yen wis wektune para seniman kudu bisa nduweni pengaruh lan posisi kang strategis.

Kasunyatane uga akeh para pegiat kang mlaku dhewe anggone makarya, tanpa campur tangane sapa-sapa. Ing Semarang, saorane Widyo Leksono bisa dadi patuladhan. Kanthi cara mandiri, wus makaping-kaping dheweke mubeng ndongeng ana ing sekolah-sekolah lan ngajak saya akeh para mudha supaya gelem seneng marang kasusastran Jawa. Tanpa pamrih, tanpa kepengin apa-apa, sanajan durung suwe iki diganjar dening Balai Bahasa Jateng minangka “Tokoh Pegiat Sastra Jawa”, dheweke ora banjur gumedhe. “Iku anugerah kanggo aku apa karya-karyaku?” pitakonane, nalika ditemoni sawise nampa plakat.

Priya kelairan Jepara, 19 Desember 1960, iku menehi kritikan yen acara kabudayan sing digelar sajrone hotel lan ngentekake prabeya kang ora sithik malah ora katon asile. Miturute, ngomongke kabudayan ora bisa uwal saka bebrayan ing kang urip ing ngisor. Mulane, acara kabudayan dikarepake ora nglalekake bebrayan lan para pegiat kang wis mataun-taun menehi sumbangan kang ora sithik.

Priya kang asring ditimbali Babahe iku kepengin sansaya akeh bocah nom-noman padha sinau sastra Jawa kanthi seneng. “Carane ora liya kajaba kudu dikenalke lan dikulinakke lumantar menehi papan supaya wani muncul. Ora diseneni wae saben ana pangucap sing kleru,” ujare.

Sajroning kongres ing Solo, ana siji bab kang dilalekake lan dadi pitakonan: para peserta lan meh kabeh pamicara ora migunakake basa Jawi kanthi setiti. Banjur, yen bab kang “cilik” wae ora dilakoni, apa patut ngarepake kang luwih gedhe? Muga-muga tetep ana gunane lan ora “senasib” kaya kongres-kongres sing uwis-uwis.

Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s