Rembug Kabudayan, Ana Gunane?

MEH saben taun, pakumpulan kebudayan sing digawe dening pemerintah utawa swasta gawe acara rembug kabudayan lan sajenise. Atusan wong, sing nduweni tata gelar budayawan, sastrawan, nganti ilmuwan padha ngumpul. Sing dirembug bab basa, sastra, utawa kabudayan.

Ing babagan rembug basa Jawa, ing antarane ana Kongres Bahasa Jawa (KBJ) kang nganti seprene wis mlaku nganti limang ubengan. Kang pungkasan, KBJ V taun 2011 mapan ana Surabaya. Acara limang taunan sing diwiwiti 1991 ing Semarang iku rutin dianakake lan dirawuhi dening para pinunjul.

Pancen ora bisa diselaki yen para peserta kongres sing rawuh kabeh ora ana sing ora penting. Kabeh uga nduweni semangat kang padha, yaiku jaga lan ngrembakake basa Jawa supaya supaya tetep lestari. Banjur, saka parepatan iku, bebrayan awam tansah ngenteni apa-apa kang kasil saka rembugan kang kabare ngentekake dana nganti Rp 4 miliar iku.

Ananging, kekarepan kang kaya mangkono kaya-kaya mung adoh kendhang saka penari. Saya suwe sawise rembugan rampung, ora ana tumindak nyata ngenani basa Jawa. Kamangka, kongres wis ngasilake papat rekomendasi sing kudu dilakokake dening pemerintah dhaerah Jawa Timur, Jawa Tengah, lan Yogyakarta.

Umpane, ing kasus paling anyar nalika basa Jawa ngadhepi Kurikulum 2013 kang kabare bakal diilangi, ora ana cawe-cawe saka forum kang gedhene mangkono. Pamikir lan pangandika kaya-kaya anane mung nalika ketemu ana forum. Sawise iku, ora ana gerakan apadene aksi kang luwih nyata kanggo nglakokake rekomendasi supaya bisa luwih manfaat lan ora mung kandheg ing cetakan kertas.

Kamangka, pamulangan basa Jawa ing sekolah kang digadhang-gadhang bisa dadi sarana nglestarekake lan ngrembakake, disawang kudu tansah ana lan aja nganti diilangi. Sanajan saiki wis ana babagan kang rada cetha ngenani nasibe, nanging embuh mengko yen ana owah-owahan kurikulum, sapa sing gelem urun bahu lan pikiran mbelani basa Jawa tetep diwulangake.

Kasunyatan sing kaya mangkono mbuktekake yen saka patemon kang digadhang-gadhang bisa ndadekake maju lan ngrembakane basa Jawa iku ora bisa akeh dikarepake. Asile, kongres ora liya mung dadi sarana ngumpulake makalah lan ora luwih saka sarana kanggo plesiran lan golek proyekan.

Nanging sanyatane isih ana pangangen-angen. Kanggo ‘’nandhingi’’ iku, para sastrawan lan pandhemen basa Jawa banjur gawe kongres tandhingan kang aran Kongres Sastra Jawa (KSJ). Sanajan ora gelem diarani ‘’kongres tandhingan’’, nanging wektune mesthi kok bebarengan karo KBJ. Bedane, para peserta nggelar acara kanhi cara mandiri tanpa ngarepake bantuan saka pemerintah. Asile uga luwih cetha, ing antarane yaiku gawe buku antologi geguritan lan cerkak. Liyane iku, uga ora sithik pengarang kang nerbitake karyane kanthi cara mandiri.

Kedadeyan Maneh?

Kongres kang uga katone bakal gedhe bakal digelar dening Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, wulan November ngarep, kanthi aran Kongres Kebudayaan Jawa 2014. Gedhene acara katon ing antarane saka rembugan kang temane ana pirang-pirang lan ‘’maremake’’: basa lan sastra, seni tradhisi, arsitektur, religi, karya budaya, adat lan tradhisi, kepemimpinan, lan budi pekerti.

Asil sing dikarepake uga ora sembarangan, yaiku bisa ngasilake pamikir kang aktual minangka sumbangan kanggo mangerteni hakekat kabudayan Jawa sajrone ngadhepi era global. Iku dianggep penting supaya kabudayan nduweni ketahanan ngadhepi ‘’budaya asing’’.

Nanging maneh-maneh kita wis ora gampang percaya marang apa kang bakal kasil. Aja-aja, saka acara kang mesthine uga ngentekake anggaran kang ora sithik iku mung mandheg ing tataran wacana. Amarga nganti seprene parepatan kang sajenis, kelebu sarasehan kabudayan, pungkasane mung kanggo nggedhekake rasane dhewe kanthi jargon Jawa kang ‘’adiluhung’’. Asile, ngrumangsani yen duwe posisi kang elit: luwih dhuwur tinimbang kabudayan liyane saindhenging jagad.

Lan apa bakal ana ‘’kongres tandhingan’’ – kaya sing dilakoni dening KSJ? Apa bakal ana patemon kang luwih prasaja nanging ana wujud nyata saka asil rembugan iku? Kita durung mangerteni.

Kaya dene seminar sing dianakake ing Mangkunegaran, minggu kepungkur. Seminar kanthi tema ‘’Reaktualisasi Nilai Luhur Karya Sri Mangkunagara IV’’ iku malah ora kecekel apa kang dikarepake. Para pamicara ora beda mung mindhah referensi saka internet. Ora ana andharan sing bener-bener bisa dadi rujukan lan ndadekake peserta mangerteni ‘’nilai’’ saka karya Mangkunagara sing kaya piye kang isih bisa digunakake ing jaman samengko.

Kang kedadeyan uga padha karo rembug liyane: peserta teka, pamicara menehi ‘’materi’’, tanya-jawab saperlune, banjur rampung sekabehane. Ora ana kang kasil lan bisa dadi cekelan kanggo mujudake upaya kang tenanan. Asile, forum kang niyate bisa ilmiah iku mung kandheg ing tataran wacana lan konseptual.

Pancen, para lembaga pemerintah lan swasta kudune bisa luwih maca kahanan. Rembug kabudayan lan sajenise sejatine ora luwih penting tinimbang tumindak nyata lan ana asile ora ketang sithika kaya ngapa. Iku yen kita tansah ngugemi lan percaya kahanan kabudayan bisa luwih kerumat lan ngrembaka. Uga yen kita tansah nyarujuki yen kabudayan ora uwal saka bebrayan awam.

Kongres, rembug, sarasehan, seminar, ya mung bakal dadi sarana ‘’kapitalisasi’’ nilai: mapanake asil kabudayan ana ing papan kang ora bisa dijamah dening bebrayan kang urip ing pasrawungan global kaya saiki. Pungkasane, kita mung bakal kuwatir marang lunture kabudayan. Aja-aja kuwatir amarga pancen ora bisa srawung.

Kapacak ing Suara Merdeka, 21 September 2014

Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s