Gunungan Wayang

GUNUNGAN utawa kayon sajrone gelaran wayang kulit ora mung digunakake dhalang minangka piranti kanggo njangkepi crita supaya bisa lumaku kanthi samesthine. Nanging, luwih saka iku nduweni maksud lan kekarepan: tanpa gunungan, wayang kulit ora bisa diparagakake. Ora bakal ana kauripan, ora bakal ana crita wayang.

Kepriye lire? Kita asring mangerteni, nalika ki dhalang durung munggah sasana pentas, nalika para pengrawit wus miwiti gendhing-gendhing manguyu-uyu, gunungan wis ditancepake ana tengah kelir. Wektu iku, dunya durung ana crita.

Dunya saisine nalika durung ana manungsa temtu isih wujud alam liar. Ora beda kaya digambarake sajrone gunungan, ana wit gedhe, kewan awujud ula, macan, bantheng, manuk, kethek. Saliyane iku uga ana buta sing cacahe loro lagi njaga gapura.

Sawise gendhing patalon rampung diungelake lan ki dhalang wus mapan, kayon dijabud saka gedebog. Nembe sawise iki, urip lan crita lagi diwiwiti dening ki dhalang sing ora liya diibaratake minangka “titahe Gusti”. Sawise dijabud, gunungan banjur ditancepake ana kiwa lan tengene ki dhalang. Nalika iku, urip lagi ana, crita lagi diwiwiti.

Ora mung kanggo dipajang, kayon uga bakal digunakake maneh kanggo misahake pathet sajrone crita wayang: ana pathet nem, sanga, lan manyura. Saliyane iku, kayon digunakake kanggo kabutuhan adegan khusus, kaya nggambarake segara, alas, utawa mbedakake adegan siji lan liyane.

Filosofi Gunung

Yen disawang saka wujude, kayon ora liya kajaba niru wujude gunung. Sacara filosofis, pucuk gunung sing lincip nggambarake sapa wae sing gelem ngupaya bakal nggayuh karaharjan sanajan pancen angel bisa nganti pucuke. Pancen ora gampang lan merlokake pangurbanan supaya bisa tekan pucuke.

Nyawang pucuke gunung, ora liya tansah eling marang tujuan sing wis dadi kekarepan sing kudu tansah diudi. Pancen ora gampang tekan kana amarga akeh godha lan rubeda. Nanging yen wis tekan pucuk bakal bisa nyawang ngisor kanthi rasa marem amarga wis nglakoni akehe panandhang.

Sajrone gunungan wayang kulit mesthi digambarake ana wit, manuk, lan ula. Iku ora liya kejaba manungsa gunung saisine tansah kepengin dijaga. Gunung minangka peparing saka Gusti kang ora kinira. Ora bisa dibayangake uripe manungsa tanpa gunung saisine.

Prof Stephen Oppenheimer, peneliti saka Universitas Oxford Inggris, ngandhakake yen wit, manuk, lan ula minangka sumber saka kauripan. Sajrone buku Eden in The East: Benua yang Tenggelam di Asia Tenggara (1998), piyambake nyerat yen nalika bumi isih ana ing jaman es, wit-witan satemene dadi punjere urip.

Thukule wit mratandhani yen lemah subur. Saka wit, wektu iku manungsa bisa dhahar buah. Yen manuk lan ula, miturut Prof Stpehen, nyimbulake Sing Gawe Urip. Manuk iku sejatine nggambarake langit lan sipate wong lanang. Suwalike, yen ula minangka wujud bumi lan nduweni sipat wadon. Yen wit-witan, manuk, lan ula bisa kumpul, bumi bakal subur.

Saliyane iku, ana buta loro sing lagi nyekel gada. Sing sapa wae kepengin munggah ana pucuke gunung, kudu ngadhepi buta sing wengis. Wujud yen pancen ora gampang bisa nggayuh kamulyan. Ana uga sato kewan kayata macan, bantheng, lan kethek. Kabeh bisa urip bebarengan ana sajrone gunung.

Saiki, gunung wis seseg dening manungsa, kelebu kabeh kekarepane. Wit lan kewan dadi kurban. Ora itungan maneh lan embuh nganti kapan kabeh mau dadi kurbane manungsa. Yen wis kaya mangkono, kita mung bisa nyawang tanpa bakal bisa tekan pucuke gunung. (Suara Merdeka, 1 Juni 2014)

Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s