Tekane Banyu ing Jaman Kalabendu

Bener yen banyu iku berkah saka Sing Gawe Urip. Tanpa banyu, ora ana makhluk kang bisa urip. Nalika manungsa tansah nyeyuwun berkah tanpa kendhat, Gusti uga Mahamurah lan menehi apa sing dikarepake: banyu ora kurang, luwih, nganti turah.

Pungkasane, kabeh pirantine urip dadi keli dening banyu kang ngentirake sekabehane. Dalan ketutup, ora bisa dilewati. Omah padha kelem, alat transportasi ora bisa mlaku. Ora sithik kurban manungsa, ora kuwawa nglawan derese banyu. Kabeh karana banyu kang sejatine dipercaya dadi sumbere kemakmuran lan kaberkahan. Banjur, yen wis kaya mangkene, sapa sing salah?

Yen disawang kanthi cara hakekat, banyu-banyu iku sejatine ora bisa mulih marang papan kang dituju. Ora beda kaya dene manungsa, banyu ya mung saderma lewat ana papan-papan kono. Nanging, awit saka pokale manungsa sing ora bisa ngopeni dalan banyu kanthi samesthine, banyu banjur nyasar, ora maneh dadi berkah lan sawayah-wayah bisa dadi musibah. Ya karana manungsa sing padha srakah.

Kanggo pangeling-eling, kabudayan Jawa sejatine wis akeh menehi pitutur yen dilakoni kanthi samesthine, bisa nyelarasake antarane urip bebrayan lan alam. Contone, unen-unen “urip mung mampir ngombe”. Ora beda karo prinsip banyu sing mung lewat iku mau, uripe manungsa ana ing alam dunya mung sedhela, suwene diibaratke karo wong ngombe.

“Mampir ngombe” uga pepeling yen mengkone, manungsa ora urunga bakal bali marang mula-mulanira: bali menyang ngarsane Gusti Kang Mahakawasa. Mula saka iku, manungsa dikarepake ora gampang kagodha marang sakehing nikmat kadunyan. Karana urip iku mung mampir lan bakal tumuju marang papan kang sejatine dituju.

Kanggo njaga lan nglestarekake alam, wiwit biyen manungsa Jawa tansah ngupadi supaya bisa urip selaras karo alam. Buktine, nganti saiki isih akeh ditindakake ritual lan tradisi sing ana gegayutane karo upaya nglestarekake. Ana bersih desa, sedekah desa, merti bumi, nganti sedekah laut. Sesanti memayu hayuning bawana dadi lelandhesane.

Mula saka iku, njaga alam lan lingkungan wis dadi kwajibane bebrayan Jawa. Amarga pancen sadhar yen saben dinane, alam wis menehi panguripan kang ora bisa diitung cacahe. Ritual sing adate uga digunakake kanggo sarana resik-resik kampung iku uga sarana mujudake rasa sukur: tanpa pitulungane Sing Gawe Urip, manungsa mung dadi makhluk kang ringkih lan tanpa daya.

Ananging, ing jaman modern ora kabeh bisa kalaksanan kanthi samesthine. Kabeh ritual mau kaya-kaya mung kandheg netepi wajib, tanpa ana upaya nyata kanggo ngrumat lan njaga alam saisine. Kali padha mampet, wit ana alas ditegor sembarangan tanpa mikir nandur gantine. Papan sing samesthine dadi dununge banyu, malah ditanduri beton lan cor-coran. Asile, aja kaget yen alam dadi murka: banyu bisa “playon” ana ngendi wae, jurang padha jugrug, banyu segara munggah ana dharatan.

Jaman Kalabendu?

Kasunyatan sing kaya mangkono mbokmenawa sing dimaksud Ranggawarsita minangka jaman kalabendu. Kanthi “ciri” sing wis gamblang, kaya-kaya jaman kalabendu sejatine wis katon. Jaman sing dipercaya minangka jaman edan amarga kabeh sarwa kuwalik, ora samesthine, lan wis owah saka adat sabene.

Ranggawarsita akeh nyebutake pratandha jaman kalabendu, ing antarane “kali ilang kedhunge”: kedhunge wis ilang, wis ora ana watese, kabeh dadi kali, banyu isa mili lan isa ana ing ngendi-endi. Ing kene, kali ora bisa maneh nampung banyu sing teka lumantar udan gedhe.

Awit saka kahanan sing kaya mangkono, temtu kahanan liyane sansaya gegirisi. Buktine sing uga wis kedadeyan, uga dipratelakake yen “lemah-lemah padha bengkah lan longsor, manungsa pating guluruh, akeh kang nandhang lara, pageblug rupa-rupa, mung setitik sing mari, akeh-akehe padha mati”.

Pancen, kabeh iku kedadeyan amarga ora bisa njaga keselarasan karo alam. Wektu sing dipercaya minangka tanda-tandane jaman edan lan kalabendu wis teka, menawa wektu sing pas kanggo nyawang kahanan dhiri-pribadi. Ora kanggo nyalahake sapa-sapa, ora kanggo golek benere dhewe.

Banyu dadi sarana wiwitan sekabehane. Kelebu ing agama, banyu wis nyawiji dadi sarana pasucen sajrone ngibadah. Ing crita wayang purwa, Bratasena uga didhawuhi guru Durna supaya golek tirta pawitra sari, yaiku sejatine banyu sing mapan ana samudra minangkalbu. Sanajan iku mung perlambang.

Ing tradisi Jawa, banyu uga akeh digunakake minangka sarana ritual. Contone ing ngantenan, ana sing diarani siraman. Calon nganten nindakke siraman nganggo banyu sing dijipuk saka pitung sumber. Pangajabe, supaya sajrone memangun bale wisma penganten kaloro bisa urip harmonis. Kaya dene banyu kang bisa mapan ana ngendi wae, nyelarasake karo papan sing dadi panggonane.

Nanging, ing wektu kang bebarengan karo pahargyan, sapa wae kang ngadani acara iku mesthi ora kepengin satengahing acara ana udan. Udan gedhe temtu bakal dadekake acara kang wis disiapke lan butuhake prabeya akeh iku ora mlaku kanthi samesthine.

Kanthi pepinginan iku, sing kagungan kersa bakal jaluk tulung marang pawang udan supaya banyu udan ora tiba ana sakupenge kono. Anane udan uga bakal ngalangi tangga lan sedulur sing bakal rawuh ana pahargyan. Yen tetep isih udan, dipercaya ana syarat sing kurang utawa ana tumindak sing kudu dilakoni.

Pancen bener, banyu dikarepake dadi berkah. Nanging ing wektu kang bebarengan, banyu uga bisa nyirnakake kekarepane sapa wae kang tumindak ala lan kurang becik marang alam lan sapepadhane. Kelebu sing ora gelem mujudke rasa sukur. (Suara Merdeka, 26 Januari 2014)

Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s