Ngelmu (Ora) Dadi Laku

petruk-

Tanpa diamalake, ngelmu dipercaya ora bakal migunani. Ya mung kanthi cara sing mangkono, ngelmu bakal tansah ngrembaka lan akeh paedahe tumrap bebrayan. Nanging, pranyata ora kabeh bisa ngecakake apa kang wis disinaoni. Apamaneh, dhuwure elmu pranyata dudu jaminan bisa nduweni tumindak kang utama.

Para leluhur wis asring paring pitutur. Salah sijine ing tembang Pupuh III Pocung sajrone Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunagoro IV. Ing kono dipratelakake yen ngelmu iku kalakone kanthi laku/lekase lawan kas/tegese kas nyantosani/setya budya pangekese dur angkara.

Pancen, ngelmu becike kudu dilakoni. Amarga saangel-angele wong golek isih angel anggone nindakake. Duwe ngelmu yen ora ditindakake lumantar bebrayan ora bakal ana gunane. Nanging swalike, yen bisa nindakake kanthi temenanan, bakal tinemu kasantosan lan karaharjan. Saliyane iku, dipercaya bakal melu urun-urun nyingkirake penyakit sajrone bebrayan lumantar ngelmu kang migunani tumrap liyan.

Tumrap wong Jawa, ngelmu bisa dadi pambukaning warana, mbukak kabeh sing ngalangi apa kang bakal dilakoni. Iku amarga, kanthi ngelmu kang dinduweni, manungsa bisa luwih ngerti. Ngerti kapan kudu tumindak sing bisa migunani marang bebrayan. Saka kene, ana proses long live education, sinau sadawane umur.

Kabudayan Jawa tradisional, miturut Clifford Geertz sajrone buku The Religion of Java (1960), nduweni sipat esoterik. Tegese, ora kabeh digamblangake lan bisa uga mung dadi wewaler sing kudu diadohi. Iku uga kang sinebut filsafat rasa. Pemikiran sing kaya mangkono dudu mung kasil saka olah pikir sing asipat eskplisit lan tinarbuka. Tembang sing nggunakake basa kang kebak simbul lan sanepa, miturut Geertz, bisa dadi salah siji cara kanggo ngajarake ngelmu.

Ngelmu Formal

Jaman kang sansaya modern ndadekake sapa wae bisa golek elmu ana sekolah formal. Bangku lan kelas iku bisa dadi sarana kanggo ngudi lan nggulawenthah sapa wae kang dadi murid. Guru dianggep dadi punjere maju-orane lan pinter-orane siswa.

Ananging, kasunyatan uga mbuktekake yen kwalitas “ngelmu formal” ing negara iki ora sansaya nuduhake bab kang nyenengake. Ideologi pendidikan sing digadhang-gadhang bisa ndhasari maju lan berkembange manungsa, nyatane malah ora akeh sing gawe manungsa sing satemene migunani.

Perkara sing kaya mangkono wis ora wewadi maneh, nanging kudu dimangerteni supaya dadi rancangan lan tumindake para pamengku sing nduweni wewenang. Ora liya, supaya kwalitas elmu para siswa sansaya maju ing tembe. Saorane iku sing ditulis Sujono Samba sajrone buku Lebih Baik Tidak Sekolah (2007).

Ngenani cara golek ngelmu, Ki Hadjar Dewantara nduweni konsep marang para guru supaya ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Sepisanan sing kudu ditindakake guru ora ana liya kejaba menehi tuladha. Cara sing mangkono bakal ngilangake unen-unen jarkoni, isa ujar ora isa nglakoni.

Sawise iku, guru uga kudu menehi energi lan semangat supaya siswane tansah gumregah anggone ngudi elmu. Ing kene uga bakal ana proses mendidik. Siswa diajarake rasa tresna marang sapepadhane, alam, luwih-luwih marang bangsa lan negarane. Yen wis nyawiji sing kaya mangkono, kaya-kaya ora bakal akeh maneh konflik sing bakal thukul lan njalari perkara kang luwih gedhe ing mburine.

Maneh-maneh guru nduweni peran sentral, kudu luwih ngerti lan bisa momong. Sing pungkasan, ing mburi, guru uga wajib menehi daya kekuatan supaya siswa tansah berjuwang ing bidange dhewe-dhewe. Ana perangan psikologis kang tansah diwangun antarane guru lan siswa.

Saka pratelan iku, ora mokal yen sing satemene kasil saka panggulawenthahan bakal bisa dadi janma kang utama. Sing ora mung pinter, nanging uga bisa nglakoni apa kang wis rumangsa dadi tanggung jawab morale. Ngerti kapan bisa migunani marang bebrayan.

Mula, Jawa uga nduweni konsep aweh payung marang wong kang kudanan, aweh teken marang wong kalunyon, aweh boga marang wong kaluwen, aweh banyu marang wong kasatan. Wis cetha, yen ngelmu bakal ndadekake bisa tumindak kanthi cara sing trep karo kahanan.

Sajrone Serat Wedhatama, Mangkunagoro IV uga njlentrehake lumantar tembang Sinom. Supaya nduweni martabat, manungsa kudu nduweni saorane salah siji saka telung perkara, yaiku pangkat, bandha, lan ngelmu. Yen ora, manungsa bakal ora luwih migunani saka godhong jati kang garing, aji godhong jati aking.

Krisis Patuladhan

Nanging uwal saka perkara iku, siswa sajrone sinau uga asring ora diwenehi papan panggonan kang nyukupi kanggo ngecakake apa sing tansah diudi. Sarana, kelebu kesempatan kang sansaya cupet, gelem ora gelem kudu didandani yen kepengin ngelmu luwih ngrembaka.

Bab iku pancen ora dadi perkara anyar. Amarga siswa lan nom-noman sing lagi ngudi elmu dianggep durung wancine, nggege mangsa, apamaneh “bocah enom ngerti apa”. Ya kuwi ngendikane para-para kang wis (rumangsa) sepuh.

Nanging, kepiye adate yen nyatane sing wis sepuh lan mapan bab ngelmu nyatane ora bisa menehi patuladhan? Krisis tokoh, sing saiki asring disebut-sebut,  uga bukti yen ngelmu nyatane ora kabeh dadi laku. Kamangka, keteladhanan wis dadi perkara kang wajib yen kepengin para siswa lan generasi mudha bisa nerusake pembangunan negara. Sumangga, ing ngarsa sung tuladha. (Suara Merdeka, 22/9/2013).

-Dhoni Zustiyantoro

*ilustrasi gambar: http://historee.com

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s