Nalika Lurah Digebyah Uyah

Nalika wus dipilih, lurah duwe hak lan kwajiban ngatur lan mimpin kawulane murih bisa ketata samubarange. Saliyane iku, lurah ora mung dijaluk bisa dadi pengarep marang sakehing perkara ing tengahing bebrayan, nanging uga dituntut bisa dadi stabilisator lan dinamisator. Nanging, lurah uga ora beda karo liyan: bisa luput lan kurang.

Banjur, yen kaya mangkono, apa bedane antarane sing mimpin lan sing dipimpin? Pangkat sing akeh diimpenke iku bisa dilungguhi wong-wong sing (mung) nduweni kesempatan lan strategi pemenangan sing apik uga. Kasunyatan uga buktekake yen bandha uga dadi salah siji faktor sing bisa nglantarake supaya bisa menang. Nadyan jaman sansaya modern, dhuwit kaya-kaya isih dadi ukuran. Apamaneh ana unen-unen, “yen ora ana dhuwite, ora takpilih!”

Nanging, ora ateges wis ora ana lurah sing tansah berjuwang supaya kawulane bisa urip luwih kepenak. Sing tansah merjuwangake hak-hak lan menehi solusi sawijing perkara. Uga, sing lila lan bisa mbuktekake cara-cara mimpin sing ora mung bisa kebak janji ing ngarep. Apamaneh, lurah sing nalika wis kepilih bisa bebas mrana-mrene ngrungokake swara kawula kanggo nemtokake aturan lan kebijakan, tanpa akeh aturan sing malah dadi watesan.

Sajrone artikel Memudarnya Demokrasi Tradisional, Yumiko (1983) ngandharake yen sejatine demokrasi cara tradisional ing Jawa pancen beda karo demokrasi cara Barat. Ing Barat, demokrasi digunakake kanggo tujuan keadilan sosial, ekonomi, lan politik. Saliyane iku, ndadekake saingan wajar antar-warga ing bebrayan.

Miturut Yumiko, ing Jawa, demokrasi mula bukane digunakake kanggo njaga tanah desa supaya ora akeh dinduweni para kapitalis. Temtu, tujuan iku adhedhasar laku urip wong Jawa sing tansah kepengin urip selaras karo alam. Lurah saorane nduweni kwajiban njaga tanah desa sing pancen dadi aset lan panguripan desa minangka “negara”.

Dadi Bapak

Semono uga yen pangkat lurah sajrone demokrasi Barat adhedhasar perjanjian lan apa sing bakal digayuh. Nanging ing demokrasi tradisional, rasa handarbeni lan kekeluargaan, kelebu lurah sing kerep “dadi bapak”, dadi ciri sing tansah ana. Luwih-luwih ing jaman semana, pola kepemimpinan antarane sing mimpin lan sing dipimpin, kaya garis lurus. Lurah bisa sawayah-wayah menehi dhawuh utawa pamundhut sing kudu ndang dilakoni marang kawulane. Kaya kekarepane bapak marang anak.

Iku sejatine sing bedakake antarane Jawa lan Barat. Jawa ora nduweni pihak sing sacara resmi menehi kritik. Amarga Jawa nduweni tradisi rembug, lurah bisa ngrampungake kabeh perkara kanthi jaluk ide lan pamawase kawula lan sing dianggep ahli ing bidange. Ing kene, ana hubungan sing tansah dibangun antarane “bapak” lan “anak”. Sajrone rembug, ora mung lurah sing tanggung jawab ngemong sing dipimpin, nanging swalike, para kawula uga kudu paham sipat lan menehi kesempatan lurah kanggo mujudake apa dadi pangangen-angen. Ing kene uga bakal katon, jaman nyatane wis nulak lurah sing otoriter lan anti-kritik.

Banjur, kanthi cara kang mangkono, apa lurah ora nduweni kaprebawan? Amarga ora mbeda-mbedakake, kaya-kaya ora ana watesan antarane sing dipimpin lan sing mimpin.

Ing tataran kasunyatan, bebrayan bisa mirsani lan mbiji lurah sing tansah nglakoni apa kang diomongake. Iku sejatine kang sinebut nyawijine ati, lathi, lan pakarti. Antarane swara batin, apa kang diucapke, lan pakaryan sing ditindakake lurah, pancen kudu nyawiji, ora beda. Rasa kurmat marang lurah bakal dibangun saka kene.

Nanging, lurah uga kudu bisa teges lan nduweni cara-cara kang beda. Inovasi lan kreasi sajrone mimpin iku uga tansah dienteni dening rakyat. Ora ana wates antarane keloro pihak iku ora ateges lurah sing ora teges. Amarga, yen lurah nduweni pamawas “ngono wae asal mlaku”, ora bakal ana bedane antarane sing mimpin lan sing dipimpin. Teges lan “thas-thes sajrone mimpin bakal dadi laku lurah kang tansah diimpenke.

Menehi Tuladha

Kanthi menehi tuladha, lurah uga bakal dadi panutan. Ngajak bebrayan supaya preduli marang kiwa-tengene, nanging lurah wae ora nindakake, temtu bebrayan bakal nduweni pamawas negatif. Rasa kapercayan uga bakal luntur yen ta jabatan lurah mung kanggo golek bandha, utawa sajrone mimpin bakal mbalekake “modal” lan tujuan politis liyane. Ing negara demokrasi, sing rakyat sejatine dadi “lurahe”, bisa wae lurah ditulak utawa dijaluk supaya mudhun saka jabatane.

Pemimpin sing “ora makarya” iku uga sing ndadekake rasa kapercayan sansaya luntur. Kasunyatan demokrasi ing jaman modern, partisipasi aktif ora sansaya tambah. Milih lurah lan wakil sing bakal dadi “kongkonan” ora dadi perkara kang dienteni lan diramekake. Ora liya, perkara kang kaya mangkono uga bukti yen akeh lurah sing mung dadi alat pulitik lan nduweni kepentingan. Kawula mung dadi alat ngrebut pangkat. Sanadyan ora kabeh lurah kaya mangkono.

Ngenani lunture demokrasi tradisional, ing buku Sorotan Budaya Jawa dan Yang Lainnya, Sutrisno (1985) nduweni pamawas yen lurah ana ing posisi kang dilematis. Lurah biasane ora bisa metu saka birokratisasi ing sajrone sektor pemerintah lan bebrayan. Apamaneh yen akeh program saka pemerintah ditujokake marang desa. Lurah sing kaya mangkene mung dadi mesin birokrasi.

Pancen, saliyane kurmat marang sapa wae kang dadi lurah, rakyat kudu sacara aktif menehi kritik kanggo majune desa. Mung kanthi cara kang tinarbuka, desa lan kawula bisa raharja.

*Suara Merdeka, 8/9/2013

-Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s