Amemangun Watak Satriya

ekalaSinebut satriya, sapa sing ora seneng? Sapa wae bakal mongkog lan bombong nalika dianggep bisa menehi pengurbanan tumrap sing dilabuhi. Kepiye carane? Apa mung kandheg ing kasekten-kasatriyan?

Pancen ora kabeh bisa nduweni watak satriya. Iku amarga nggayuh bab sing kaya mangkono ora gampang. Perkara iku Jawa nduweni unen-unen, satriya (akeh-akehe) mung wong sing mijil saka trahing kusuma rembesing madu wijiling atapa. Mangkono iku sing bakal bisa nduweni ruh kasatriyan.

Dene kanthi kasekten, wong ora mung dadi luwih percaya dhiri, nanging uga bakal gawe wedine mungsuh lan sengseme kanca. Mula wong banjur padha ngudi piye bisane sekti. Ana kang kanthi gladhen amrih saya limpad lan rosa, nanging uga kanthi nambah kekuwatane jiwa.

Banjur, yen ngrumangsani ora kasil saka “sarat” kasebut, apa ora ora bisa dadi satriya? Apa pancen ora bisa dadi wong sing tansah berjuwang ana laladan apa wae sing wis dadi bageyane?

Nanging, mengko dhisik. Jawa uga tansah tinarbuka marang sakehing kahanan. Arepa dadi apa ing tembe mburi, gumantung karo sing nindakake. Tembung pungkasan biasa digunakake kanggo memotivasi bocah nom-noman ing jaman saiki. Sipat dasar sing kudu dinduweni ora ana liya kajaba rumangsa melu handarbeni, melu hangrungkebi, lan mulat sarira hangrasa wani. Kanthi cara sing kaya mangkono, dikarepake para pangudi bisa melu nduweni, melu ngurban, lan wani marang kahanan sing bakal diadhepi.

Saliyane iku, satriya uga kudu nindakake sipat dhasar yaiku kabeh perkara kang becik, utawa yen ilat Jawa klasik nyebut ambeg paramarta. Pancen bener yen bener kuwi isa diarani relatif amarga saben wong bisa wae beda panemu ngenani bener lan luput. Nanging, sajrone nemu bener kudu adhedhasar sakehing bener kang fungsional.

Tegese, bener amarga bisa nindakake laku adil, luwih-luwih mbedakake sing ala lan sing becik. Apamaneh yen “satriya” sing ngasta pusarane praja, saliyane adil, kudu bisa agawe tentreming swasana lan ngrampungi perkara. Sing kaya mangkono bisa cinipta yen kaprebawan tansah diudi. Kanthi cara mangkono, satriya bisa jejege adil lan dadi patuladhan sing bisa ngembat pusaraning adil.

Wis Klewat?

Nanging miturut Widodo Brotosejati, dhosen ing Jurusan Seni Drama Tari dan Musik Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang (FBS Unnes), yen kabeh janma pinunjul kaya disebut iku mau, mesthi wae padha karo priyayi sing gesang ing jaman biyen. Priyayi sing mumpuni, uga asring sinebut empu, iku wis ora ana ing jaman saiki. Apa jaman kasatriyan pancen wis klewat?

Pranyata, panemu sing kaya mangkono mau uga pancen dibuktekake karo kahanan. Asring disebut ana crita rakyat, serat, babad, nganti sing dipentaske awujud ketoprak lan wayang, mesthi wae ana tokoh sing nduweni watak satriya. Sing lila tanpa pamrih mbelani kabecikan, tur mesthi bakal menang ana palagan paperangan. Saiki, apa watak mangkono isih ana? Sing kersa berjuwang tanpa pamrih, sing satuhu eling yen bandha donya mung titipan, drajat pangkat mung sampiran, lan nyawa mung gadhuhan. Sing kersa bebela, pasrah marang Gusti kang Mahakawasa.

Widodo banjur nyebutake empu ana bidhange dhewe-dhewe pancen kabukti minangka panutan ing jamane. Tuladhane, ing babagan kagunan ana Ki Martapengrawit, Narto Sabdo, lan Ki Tjakrawarsita, sing misuwur minangka pangripta lan empu gending Jawa. Ing babagan kasusastran Jawa, saliyane Ranggawarsita, Padmosusastra bisa sinebut minangka pujangga sing miwiti dadi pengarang sastra Jawa modern.

Miturut pamawase Widodo, ora mokal yen kita sing gesang ing jaman saiki bisa nduweni kemampuan sing padha. Iku amarga kabeh sing kepengin nggayuh jan-jane nduweni kesempatan lan sarana sing kudune luwih jangkep, amarga jaman sansaya modern. Perkara sepisanan sing bisa ditindakake kanggo miwiwiti, ora ana liya kajaba mung nduweni rasa wani. Kanthi cara sing kaya mangkono, ora mokal yen bangsa kita bakal nduweni (watak) satriya ing bidhange dhewe-dhewe.

Ora Gampang

Ing crita wayang, ana Ekalaya sing tansah ora nrimakake marang kemampuan sing dinduweni. Nalika dheweke kepengin bisa dadi pemanah unggul ngluwihi Arjuna, Ekalaya nyuba meguru marang Drona. Nanging guru Drona ora ngersakake Ekalaya dadi murid.

Drona nulak Ekalaya dadi murid ora tanpa sebab. Miuturut Drona, Ekalaya ora pantes nyaingi kadigdayane Arjuna amarga ya mung nganti wektu semono, Arjuna nduweni kasekten luwih, awit pancen dadi murid sing tansah ditresnani.

Ditulak dadi murid, Ekalaya ora cilik ati. Dheweke olah kridha jemparingan ana tengah alas gung liwang-liwung. Amarga tansah kepengin meguru karo Drona, ing kono, dheweke uga banjur nggawe patung gurune iku mau.

Sarana kang winates iku mau malahan ndadekake Ekalaya gelem temen anggone sinau. Ketrampilane pranyata bisa mgluwihi Arjuna sing tansah digadhang-gadhang karo guru Drona. Nyatane, Ekalaya ora butuh sarana kang jangkep kanggo dadi pemanah unggul.

*kolom Sang Pamomong Harian Suara Merdeka, 18/8/2013

-Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s