Tumuruning Wahyu Ramadan

Kanthi itungan dina, awit saka kersane Gusti Kang Mahakawasa, kita bakal lumebu maneh ana wulan ramadan. Sawise nglakoni pirang-pirang kwajiban lan larangan ana wulan iku, umat Islam bakal pikantuk nugraha; suci saka sakehing dosa sing wis tau dilakoni.

Telung puluh dina suwene umat Islam sadonya bakal nglakoni pasa. Ora mung cegah dhahar lan ngunjuk, kabeh nduweni kwajiban kanggo meper hawa nepsu. Pirantine awak kudu dijaga. Netra mirsani sing becik, luwih-luwih bab solah-bawa. Nanging, apa mung nganggo cara sing mangkono, wahyu ramadan bisa digayuh? Apa ya mung cukup ing wulan pasa?

Kabeh wis mangerteni yen wulan ramadan iku wulan suci lan kebak ing rahmate Gusti. Umat Islam uga percaya yen sajrone ramadan, ana pirang-pirang kedadeyan penting tumrap sejarah Islam, ing antarane wiwit mudhune ayat-ayat ana ing kitab Alquran ana malem 17 ramadan. Apamaneh ing wengi-wengi pungkasan, yaiku Lailatul Qadar, Gusti uga bakal nikelake ganjaran wong-wong sing gelem dedonga lan nyeyuwun marang ngarsane.

Kanggo nyambut wulan sing istimewa iku, ora mokal yen akeh wong padha mapag ramadan kanthi cara kang semarak. Kaya ing Kutha Semarang ana tradisi Dugderan, ing Kudus ana Dandangan.

Ing desa, ana tradisi atur pakurmatan marang sedulur sing wis ndhisiki sowan marang ngarsane Gusti. Tradisi iku sinebut nyadran. Kaya dene diserat Sendang Mulyana ing papan iki, minggu wingi, nyadran minangka salah siji wujud akulturasi Islam lan Jawa. Bebarengan tindak menyang makam, asung pakurmatan lumantar dedonga, sinambi ngresiki papan pasareyan.

Cara sing kaya mangkono, ora liya kanggo sarana pangeling-eling tumrap lelabuhan lan gegayuhan sing durung kalakon dening sedulur kita. Lelakon kang becik prayoga dadi patuladhan. Dene umpama ana kang durung samesthine bisaa dadi sarana pasinaon. Iku lumrah sinebut mikul dhuwur mendhem jero.

Prihatin

Atusan taun sadurunge Islam teka, kabudayan Jawa wis ngajarake laku prihatin. Lumantar cara sing mangkono, wong Jawa ngolah kridhaning rasa-pangrasa marang sapadha-padha sajrone urip bebrayan. Wong Jawa sing njawani ora liya ya sing nduweni sikap empan-papan, andhap asor, tan hangunggulaken dhiri-pribadi.

Perkara sing mangkono iku uga diserat Prof Dr Mudjahirin Thohir MA ana ing buku Multikulturalisme Agama, Budaya, dan Sastra (2013). Miturut pamawase, filosofi Jawa sing wis tinemu benere iku dadi laku uripe wong Jawa. Kepercayaan lokal iku salah siji asil saka weninging cipta sing tansah diudi dening para leluhur Jawa.

Tumrap wong Jawa, upaya kanggo prihatin wis dilakoni malah sadurunge agama-agama teka ana tanah Jawa. Miturut Prof Mudjahirin, ngenani kapercayan, agama lokal luwih dhisik ana sadurunge ana agama “resmi”, kaya Islam, Kristen, Hindu, Budha, lan Konghucu. Saka bab laku ngibadah, luwih saka separo saka panganut kapercayan percaya yen ana akulturasi antarane agama lokal lan agama “resmi” iku mau.

Wujud saka laku prihatin ing antarane pasa. Ana ing kabudayan Jawa wis dimangerteni pasa mutih, ngrowot, pati geni, ngalong, ngasrep, wungon, lan sapanunggalane. Kabeh iku dilakoni nganggo tata cara sing ora sembarangan. Tujuwane ora liya supaya duweni pribadi sing linuwih tanpa ngungkuli wong liya. Bebasan sekti tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake.

Nanging luwih saka iku, pasa mung salah siji cara kanggo nggayuh rahayuning agesang. Mbokmenawa pancen bener yen ana unen-unen sejatine kawruh ana sesrawungan, ana bebrayan. Pinter laku nanging ora bisa urip bebarengan ana tengahe bebrayan, kaya kebak ilmu nanging ora bisa ngecakake apa sing dimangerteni.

Ngelmu

Prof Mudjahirin sing uga dadi dosen ing Universitas Diponegoro (Undip) iku nyerat, sajrone kabudayan, perkara kang dianggep bener lan isa dinalar bakal ngasilake ngelmu. Ngelmu beda karo ilmu. Ngelmu kelebu kategori kearifan lokal nanging yen ilmu kelebu pengetahuan ilmiah.

Salah siji wujud ngelmu yaiku kanggo sarana batin karo Kang Mahakawasa. Saliyane iku, ngelmu uga sinimpen ana basa awujud unen-unen, pituduh, utawa sanepa. Ing bab iki, tembang macapat akeh menehi tuladha bab laku, kelebu macapat Pocung iki. Ngelmu iku kalakone kanthi laku/lekase lawan kas/tegese kas nyantosani/setya budya pangekese dur angkara.

Pancen, ngelmu bisa kalakon yen dadi laku utawa dilakoni. Amarga, pancen sing dibutuhake dudu jalma linuwih yen kaluwihane mau mung kango ngungkul-ungkuli. Dudu manungsa linuwih, yen kaluwihane mung kanggo ngasorake lan nyengsarakake sapepadha-padhane tumitah. Pasa wulan ramadan, luwih-luwih ing tanah Jawa, pancen wis samesthine dadi kawah candradimuka, “papane” wong sing kepengin ngudi laku utama.

*kolom Sang Pamomong Suara Merdeka, Minggu (7/7/2013)

 -Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s