Kedaling Lesan, Ilange Kaprebawan

Saka kedaling lesan, sapa wae bisa nandhang pirang perkara kang ora becik. Iku amarga omong pancen ora gampang, ora mung waton ngucap? Apamaneh, apa kabeh sing dilakoni kudu diomongke?

Wus dadi kasunyatan yen tambah dina sansaya susah golek panutan. Krisis kepemimpinan iku ora liya amarga para pangarsa praja sansaya luntur kaprebawane. Kabeh mung golek benere dhewe, tanpa mikir kawulane. Beda kaya nalika dheweke nyebar janji nalika arep pilihan. Temtu wae, janji iku disebar lumantar omongan. Rakyat kaya-kaya wis luntur rasa katresnan marang bangsa sing biyen direbut hak kamardikane.

Ajining dhiri gumantung ana ing lathi. Wis cetha yen pancen omongan sing duweni aji, mung omongan sing becik tur migunani. Dudu omongan tanpa guna, kepara waton omong. Yen ora isa omong becik, ya luwih becik meneng wae. Yen ngerti ora bakal bisa nglakoni, aluwung ora menehi janji.

Ana uga wong sing (mung) seneng omong. Omong tanpa paugeran, apa maneh ora isa dipercaya amarga pancen beda, antarane sing dilakoni karo sing diomongke. Ing kene, sajroning kabudayan Jawa ana unen-unen jarkoni, isa ujar (omong) nanging ora isa nglakoni.

Luwih nyilakani yen sing waton omong iku wong sing dadi pangemban-pangembating praja, pemimpin negara, utawa punjere adil. Mesthi wae kabeh tindak-tanduk ora bakal bisa dipercaya. Banjur, iku uga njalari negara dadi bubrah. Kapitayan rakyat marang pangarsane praja sansaya ilang. Amarga pokale wong sing ora nduweni tanggung jawab marang omongane dhewe.

Wicaksana

Ana ing tataran kepemimpinan, ing buku Sing Diomongke Dilakoni (2013), ahli pendidikan saka Universitas Negeri Semarang (Unnes) Prof Dr Sudijono Sastroatmodjo wis akeh paring katrangan. Ing antarane, nalika ngendika, pemimpin ora kena mencla-mencle. Iku amarga kabudayan Jawa wis menehi tuladha; sabda pandhita ratu tan kena wola-wali. Pemimpin ora kena tumindak sapenake. Apa maneh mung mikir awak utawa kelompoke dhewe.

Saliyane iku, miturut Prof Sudijono, pemimpin uga kudu nduweni kawicaksanan. Pemimpin kudu isa memangun komunikasi kanthi luwes karo sing dipimpin. Supaya ora nemu rubeda ing tembe mburi.

Mantan Rektor Unnes iku uga ngendika, supaya perkara sing wis dadi tujuan bebarengan bisa kalaksanan, antarane sing mimpin lan sing dipimpin kudu nduweni telung perkara, yaiku pituah, pitutur, lan pitulungan. Ing tataran pituah utawa petuah, pangarsa lan kawula kudu tansah ngelingake. Pemimpin sajrone nglakoni kwajiban uga kudu gelem dikritik. Iku supaya sing ana ing ngisor ora nutupi apa sing dadi kurange ndhuwuran.

Tujuan uga bakal gampang digayuh nalika siji lan liyane paring pamanggih kanggo ngupaya bebarengan. Rembug pancen dadi sarana kang murakabi. Rembugan nganggo cara kang samesthine, tanpa mandeng rubeda sing njalari adu otot, bisa matengake cara kanggo nggayuh tujuan bebarengan. Iku sing diarani pitutur.

Sing pungkasan, kanthi cara pitulungan, kabeh dikarepake bisa tulung-tinulung. Wis dadi perkara sing lumrah menawa sajrone makarya sesarengan ana kurange, nanging kepriye carane kekurangan iku dimaknani dadi luwihe wong liya. Kabeh nyawiji nggayuh tujuan supaya negara dadi kuncara.

Nyawiji

Banjur, saka akeh bab ing ndhuwur, kaya-kaya wis ora ana perkara sing isa kanggo mbiji kaprebawan pemimpin saliyane nyawijine ati, lathi, lan pakarti. Kanthi cara kaya mangkono, pemimpin jejeg kaprebawane, tanpa digawe-gawe. Kedaling lesan pancen luwih mbebayani tinimbang sabetan gegaman. Yen gaman bisa natoni raga wong siji, nanging yen lesan ora mung raga nanging ati lan wong-wong liya sing rumangsa melu ketatu.

Perkara iku, Jawa nduweni istilah lamis. Tumrape sesrawungan, wong sing dhemen lamis uga ora bakal dipercaya. Jalaran pancen seneng apus-apus sing agawe gela lan rugine liyan. Kabeh wis gamblang dijlentrehake ana cakepan langgam Aja Lamis sing kerep dirungokake.

Aja sokgampang janji wong manis yen ta amung lamis/becik aluwung prasaja nimas ora agawe gela/tansah ngugemi tresnamu wingi jebul amung lamis/kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga/aku iki prasasat lara tan antuk jampi/mbok aja amung lamis kang uwis dadine banjur kikis/akeh tuladha kang dhemen cidra uripe rekasa/milih sawiji endi kang suci tanggung bisa mukti.

Kabudayan Jawa uga ngajarake supaya tansah nduweni rasa lembah manah. Lumantar cara ora ngunggulake dhiri pribadi, ora iri marang sukses lan majune liyan, lan atur kurmat marang sapada-pada. Adhedhasar iku, apa sing wis lan bakal dilakoni nyatane ora kudu diomongke. Iku jalaran bisa diarani umuk, utawa mung gedhe omongan. Luwih-luwih durung nganti dilakoni kok wis digembar-gemborake.

Kanthi teknologi lan informasi sing sansaya maju, wis samesthine bebrayan uga tambah kritis marang sakehing kahanan. Aja nganti mung kanggo alat wong-wong sing nduweni kepentingan tanpa gelem tanggung jawab sawise ngembat pusaraning adil. Ya, ora ana liya cara sepisan sing bisa dilakoni yaiku bebarengan ndeleng kerja nyata sing wis dilakoni. Tanpa ana rasa kaget amarga ana wong sing ujug-ujug omong tanpa waton. Ana maneh unen-unen, Purwodadi kuthane, sing dadi nyatane.

*kolom Sang Pamomong Suara Merdeka, 23 Juni 2013

-Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s