Wanita kang Merbawani

Sedane Margaret Thatcher –Perdana Menteri wanita sepisanan ing Inggris– rong minggu kepungkur, dadekake donya kelangan salah siji pejuang wanita. Donya maneh-maneh kelangan wanita sing duweni pengaruh global. Sapa maneh sing isa merjuangke hak-hak para wanodya?

Ing tataran global, Thatcher duweni pengaruh kang gedhe. Ana negarane, nalika dheweke mimpin partai taun 1975, separo wanodya ing Inggris mung neng omah. Ora nyambutgawe, mung dadi bojo lan ibu kanggo anak-anake. Munggah ana panggung pulitik, dheweke nggawe akeh perubahan. Kanthi unen-unen “rakyat harus mengurus diri sendiri”, Thatcher isa ningkatake perekonomian nasional. Inggris ing taun 1979-1994 saka peringkat ekonomi 12 dadi 5 sadonya.

Puluhan taun sadurunge iku, Kartini uga nelangsa. Para wanita ing jaman kolonial kaya-kaya ora duweni hak-hak sing samesthine. Wanita mung kanggo reh-rehane para walanda sing wektu iku njajah bangsa Indonesia.

Lumantar layang lan tulisan, Kartini kepengin nata pemikiran lan kabudayan masyarakat wektu iku. Pancen ing wektu semana, masyarakat duweni panemu yen wanita mung kanca wingking. Wanita ora bisa duweni posisi strategis apa maneh pengaruh ing pemerintahan. Kelebu hak dhasar kaya pendhidhikan lan golek ngelmu.

Kartini uga iri nalika ngerti kondisi sosial-masyarakat ing Eropa wis bebas lan mardika nganti tekan pemikiran lan golek pakaryan. Dheweke durung bisa nrimakake adat sing nyebutake wanita ora kudu sekolah, dipingit, dirabi karo wong lanang sing ora dikenal, lan dimaru. Iku uga sing ditulis Pramoedya Ananta Toer ing buku “Panggil Aku Kartini Saja” (1997).

Saliyane iku, pandangan kritis Kartini uga ditujokake marang agama. Wanita kelairan Jepara, 21 April 1879 iku nakonake kenangapa kitab suci ora wajib dimangerteni, malah mung diapalake. Agama, miturut panemune, dudu alesan kanggo sarana adu-adu utawa beda panemu. Apamaneh, agama uga sing jalari wong lanang benerake poligami. Kanggo Kartini, kaya-kaya wis jangkep panandhange para wanita ing negara iki.

Momong lan ngemot

Saka crita para wanita pejuang iku mau, pancen wis ora jaman yen wanita mung tansah dadi pelayan lan sisihan sing becik. Nanging luwih saka iku, pawongan sing sering digambarake ing crita-crita kethoprak kebak ing sulistya warni iku uga kudu bisa momong lan ngemot sapada-padane. Kaendahan wanita uga katon mencorong nalika bisa nata praja among kawula.

Sejarah lan crita wis akeh aweh buktekake ngenani wanita kang bisa kaya mangkono. Apamaneh ana unen-unen “ana ing mburine priya hebat ana wanita sing luwih hebat”. Salah sijine ing pakeliran ana lakon “Dewi Sri”.

Wektu semana, Ngamarta kena bebendu. Ora mung angel golek sandhang lan pangan, sakehe perkara antarane para pangawaking praja negara iku uga dadekake sansaya gawe swasana tambah ricuh.

Kabeh kedadeyan iku merga Dewi Sri, putri Prabu Maha Punggung ninggalake negara klairane. Dewi Sri duweni sipat sabar lan wicaksana. Dewi Sri misuwur minangka lambang makmur lan santosaning bumi.

Sang Dewi ana ing negara Pratalaretna sing lagi dikuasai dening raja Darmasara. Karana uripe sing kecukupan lan kepara malah diarani sugih, akeh uga sing kepengin dadekake Dewi Sri minangka sisihan. Ing negara iku, dheweke dadi rebutan. Nanging, Nagatatmala, anak Sang Hyang Anantaboga, sawise entuk pitulungan saka Begawan Abiyasa isa mboyong Dewi Sri balik menyang Ngamarta. Sawise iku, negara Ngamarta dadi tentrem lan sejahtera kaya maune.

Ana maneh Dewi Srikandi, wanita sing misuwur wasis anggone olah kaprajuritan lan hunakakae senjata panah. Iku amarga dheweke meguru saka Arjuna sing banjur dadi sisihane. Ing ing perang Bharatayuda. Srikandi kadhapuk minangka senapati perang Pandhawa ngganteni Resi Seta, satriya Wirata sing seda ngadhepi Bisma, senapati saka bala Kurawa. Nganggo panahe, Srikandi bisa merjaya Bisma.

Saiki, ing jaman globalisasi, wanita wis jipuk akeh duweni kontribusi.  Ora mung dadi sisihane para priya hebat, nanging malah bisa swalike. Owah-owahane jaman wis buktekake.

Thatcher, Kartini, Dewi Sri, lan Srikandi minangka wujud representasi wanita-wanita sing tansah berjuang. Wanita-wanita kang duweni pengaruh ing bidange dhewe-dhewe. Sawise generasi iku, sapa maneh? Aja nganti kedadeyan unen-unen “wong wadon ilang wadine”, sing aja kok berjuang, njaga “rahasiane dhewe” wae ora bisa.

*kolom Sang Pamomong Suara Merdeka, 7/4/2013

-Dhoni Zustiyantoro

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s