Jaman Susah Golek Panutan

Ing endi wae papan, mesthi sing enom digadhang-gadhang isa nata praja. Marang kanoman, sing wis―rumangsa―sepuh banjur duweni pengarep-arep kang gedhe. Nanging, kepriye yen para sepuh wis ora bisa menehi tuladha kang becik tumrap nom-noman sing digadhang-gadhang isa dadi pangawaking praja?

Ora mung susah golek sandhang kalawan pangan, kasunyatan uga buktekake yen wolak-waliking jaman uga susah golek panutan. Para-para sing wus dipercaya kawula minangka pangawaking praja, saya ora ngerti tata-trapsila. Kabeh mung golek benere dhewe. Banjur, sapa maneh sing bakal dadi kurbane yen ora wong cilik.

Nalika semana, Raden Patah sing wus misuwur minangka penggedhe Majapait dadi sultan ing kadipaten Bintara. Kadipaten sing disengkuyung dening para ulama mligine Wali Sanga iki saya suwe saya katon kencar-kencar, wilayahe uga saya jembar.

Majapait sing maune dadi tuk lajere malah ditinggalake lan diperangi saengga ambruk. Patah pancen bisa nata negara anyare, negara sing maune mung dadi reh-rehane Majapait. Sejarah Jawa nyathet ambruke negara sing umure 185 taun iku kanthi sengkalan “sirna ilang kertaning bumi”, utawa taun 1400 miturut petung Jawa.

Ambruke Majapait ora liya merga kepemimpinan Jayanegara. Merga ora duwe kapabilitas minangka raja, dheweke ora bisa momong lan ngemot kawulane. Padha karo jeneng asline sadurunge mimpin praja yaiku Kalagemet, tandang grayange uga klelat-klelet. Liyane iku sejarah uga nyathet watake sing kurang becik sajerone mimpin; ngugu karepe dhewe.

Merga duweni watak sing kaya mangkono, Majapait saya ora tambah bala malah kepara tambah mungsuh. Pungkasane, Jayanegara diperjaya dening abdine dhewe. Gagale Jayanegara ora mung merga ora bisa nata praja, momong para kawula lan ngesuhi para nayaka, nanging uga ora kuwawa njaga praja. Jayanegara, sing kudune dadi payung agung tumrap para sentana lan kulawarga minangka intine praja, malah ngrusak prajane dhewe. Jayanegara gagal njaga prajane.

Duta Kawula

Yen kaya mangkono kasunyatane, rakyat kaya-kaya wus kelangan sosok sing isa njaga praja momong kawula. Para pemimpin malah mung nggugu karepe dhewe kanggo sarana nggedhekake wetenge dhewe. Ora gatekake apa sing dikersakake para kawula minangka sing diwakili.

Pancen wus tinulis ing tembang Asmaradana yen sandhang lan pangan wus ana bageyane dhewe-dhewe. Nanging yen ta ora obah, apa ya bisa mamah? Apa maneh mung ngandhalake “wong melek kang sabar narima”. Ing kene, kaya-kaya wus ora duweni duta kang isa dadi “penyambung lidah rakyat”―kaya sing tau digembar-gemborake Soekarno.

Ing tataran politik, njaga praja ora mung isa ditegesi njaga murih aman lan tentreme negara. Luwih saka iku, pemimpin uga kudu bisa nampa marang sakehing kekurangan sing ana lan mengku kekurangan mau. Sawise mangerti, kudune akeh kekurangan iku ora banjur dibabar marang liyan, nanging cukup dimangerteni dhewe. Karo tansah ndandani lan ngupaya, sakeh tindak-tanduk, uga tansah njunjung drajat awake dhewe, kulawarga, luwih-luwih negarane dhewe.

Ngenani “kepemimpinan gagal”, crita wayang uga menehi tuladha. Ora mokal yen para Kurawa misuwur ala lan licik tumindake amarga bapake ora weruh. Ya, pancen Dretarastra iku wuta, mula ora bisa momong Kurawa sing cacahe satus kanthi becik. Satus anak sing kasil saka guwa garbane Gendari iku kepara malah mungsuhi Pandhawa sing dadi anake Pandu, kakange Dretarastra dhewe. Ya iku sing njalari dadi perang sing paling misuwur sajagad abuh, Bharatayuda.

Nanging kepriye maneh yen (nuwun sewu) wuta njalari ora bisa momong lan ngemot kanthi samesthine. Saliyane perang sing ujare Bathara Narada wus ditakdirake bakal kedadeyan sadurunge Pandhawa lan Kurawa lair, ya pancen wuta wus njalari ora isane Dretarastra mimpin kulawarga apa maneh negarane, Hastinapura.

Nalikane mimpin negara, dheweke mung ngandhalake lapuran saka Sengkuni sing dipercaya paring palapuran. Lha emane sing dipercaya iku mau duweni sakeh kepentingan, mula ya ature digawe-gawe, manut karo karep lan benere dhewe. Luwih-luwih yen ora mung wuta paningale, nanging nganti batin lan rasane uga melu wuta.

Watak “lantip ing panggraita” mbokmenawa pancen kudu diduweni para pemimpin sing dadi pengarep-pangawaking negara. Tentu wae iku ora bisa diduweni kanthi cara gampang. Saorane para luhur wus paring tuladha nyata saliyane lumantar tembang, serat, lan babad.

Ananging luwih saka iku kabeh, antarane pemimpin lan sing dipimpin kudu padha mangerti. Kayadene aturan sing digawe dening pemimpin kudu adhedhasar kahanan, ora mung nggugu karepe dhewe. Semono uga sing dipimpin, kudu gelem nglakoni sing wis disarujuki bebarengan. Supaya ora congkrah anggone ngecakake. Yen miturut Ki Hajar Dewantara, pemimpin lan mimpin iku perkara kawicaksanan. Nglakoni apa wae kudu nganggo dhasar demokrasi.

 

*tulisan dimuat di rubrik Sang Pamomong Suara Merdeka, Minggu, 24 Februari 2013

―Dhoni Zustiyantoro, pandhemen sastra lan budaya, mahasiswa Magister Ilmu Susastra Undip Semarang

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s