Meh Rahina

Aku kulina krungu swara adan, wiwit isuk nganti bengi. Ora ana bab kang ganjil yen krungu swara saka mesjid utawa musola iku. Nanging awan mau, swara iku ora takpengini babar blas. Adan lamat-lamat krungu saka jero luwengan. Neng jerone ana awakmu sing wis ora duweni daya.

***

Dina Minggu, aku mesthi wae tangi rada awan. Aku biyasa tangi jam 8 utawa jam 9 ing dina iku, yen ora ana tanggungan utawa kegiyatan. Ya mung neng dina kuwi aku rumangsa isa “memanjakan diri”. Ya mung dina kuwi, yen dina liyane aku ngulinakna awak mikir kanthi mempeng. Ngrampungi tanggung jawab utawa nggarap apa wae sing sekirane nggawe utek iki ora mandheg anggone mikir.

Setu malem Minggu, aku maca buku ana kamar. Rencana nulis esai ngenani kasus Anas Urbaningrum sing lagi gayeng dikabarake neng media, dadi salah siji bahane. Apa maneh dheweke sering ngomongke Sengkuni, salah siji tokoh ing pewayangan sing misuwur duweni watak licik. Saya semangat olehku arep nulis kanthi referensi Jawa. Jan-jane sapa ta, sing dikarepake karo Sengkuni karo Anas kuwi?

Sawise maca saperangan artikel nggo referensi ana internet, aku banjur turonan. Jane mripat wis krasa sepet. Mbokmenawa merga wis rong dina iki aku maca meh tanpa leren. Ya kuwi salah siji kesenenganku. Maca apa wae, utamane kabar berita utawa buku-buku sastra.

Ora sida nulis, aku malahan keturon. Aku mung sempet nuliske judhul “Mencari Sengkuni di Balik Jerami”. “Walah, juddhul kok gelap,” batinku. Lawang kamar kos sing isih bukakan, angin mlebu semribit, sansaya cepet mripat iki merem. Embuh wis pira suwene. Aku nglilir jam 3 nutup lawang lan mateni lampu kamar.

***

Suwene seminggu iki aku tansah kelingan awakmu. Sedulurku sing wis pirang-pirang minggu ana rumah sakit. Pungkasan taktiliki karo kanca-kanca, awakmu sansaya kuru. Mula saka iku, yen kelingan, aku mesthi wae ngenes. Ora sanggup bayangke apa sing lagi mbokrasake. Nanging embuh kena apa, wektu-wektu iki sansaya kepikiran awakmu, kanca sing wis takanggep sedulurku dhewe.

Ya embuh kena apa, yen ana sing takon, “kabare Ranu kepiye?” aku mesthi wae rada jengkel. Aku sejatine ora pengin kelingan. Kepengin ora eling awakmu, kepengin awakmu ndang tangi saka paturonanmu sing wis mbokturoni pirang-pirang minggu iku.

Ing Rumah Sakit Tugu Semarang, aku sakanca tilik. Ya mesthi awakmu ora kepengin ditiliki, aku ngerti. Merga awakmu sering ngomong, “mengko nek dha mboktinggal mulih aku ndhak nangis”. Aku paham. Mula sadurunge budhal, aku rembugan karo kanca-kanca yen niyat tilik iki aja dikabarake nyang awakmu uga keluargamu.

Awakmu lagi sare nalika aku sakanca tekan ruang perawatan. Ora kepengin ganggu, aku sakanca mung pengin jagongan neng jaba wae. Nanging awakmu malah tangi. Aku sakanca nyuba ngajak guyonan, nyuba kaya ora ana apa-apa, kaya biyasane biyen. Ragamu katon saya kuru. Apa maneh awakmu ngaku yen wis ora doyan mangan. “Manganku ora kuwi,” kandhamu sawise weruh perawat ngeterake piring karo segelas susu dhele. Nanging susu dhele isih gelem mbokombe. Takelungake, taksangga sirahmu supaya rada isa tangi banjur ngombe ombenan sing wernane putih iku mau.

***

Sasi Agustus taun 2006, aku wiwit mlebu kuliyah ana kene. Jurusan bahasa Jawa ora tau dadi kekarepanku. Aku pengine dadi mahasiswa seni, sing isa sapenake dhewe, kaya neng tivi-tivi kae. Ben dadi wong terkenal. Nanging mbokmenawa Gusti wis nggariske sing kaya mangkene. Kesadharan iki mau lagi ana nalika aku semester 3. Nalika aku wiwit seneng karo organisasi lan kegiyatan kampus.

Awakmu luwih dhisik melu organisasi merga wiwit semester siji manggon ana kampus. Sering mbokceritakake yen awakmu ora duwe kos merga didhawuhi Bapakmu manggon ana daleme Pakdhemu neng Mangunsari. Yen ndilalah liwat kana, aku sering mboktuduhake daleme pakdhemu kuwi. Jebul sing ngarepe ana motor didol akih kuwi ta. Nyatane awakmu malah seneng manggon ana ruang UKM (unit kegiatan mahasiswa) Kesenian Jawa sing ana gamelane neng gedung B2 kae. Sepisanan aku weruh, jero ruwangan semrawut. Kaya-kaya dudu panggonan sing lumrah kanggo menungsa.

Nanging iku sing jalari aku melu tresna karo kampus. Neng kana uga manggon mas-mas senior lan kakak kelase dhewe. Sering dolan mrana aku dadi saya akrab. Aku ya dadi sering turu neng ruwang iku.

Saliyane dadi kanca sekelasku, awakmu ya dadi patner keja neng organisasi. Awake dhewe dadi bala kenthel. Sering lunga bareng, mangan bareng, nganti akeh sing ngarani soulmate. Awakmu yen jaluk pertimbangan mesthi menyang aku. Lha rumangsamu aku ki pinter apa piye?

Seneng-susah urip neng kampus wis taklakoni bareng karo awakmu. Kabeh ngakoni yen awakmu pancen pinter. Nanging tetep wae ora isa wisuda luwih cepet ta? Awakmu tetep jaluk wisuda 2010 sasi April. Yen dietung ya patang taun setengah alias sangang semester.

Aku pancen dudu bocah pinter, nanging aku pantang nyepeleke tanggung jawab. Kelebu kuliyah sing kudu takrampungake. Sasi Desember awakmu ngoyak-oyak aku supaya ngrampungake skripsi. Aku gelem. Awake dhewe sepakat arep wisuda bareng sasi April. Wektu iku awakmu luwih dhisik ujian, Januari awal. Yen aku isih kelingan ujianku tanggal 25 Januari.

Sanalika awakmu potong rambut pendhak dina sawise ujian skripsi. Iku merga jaremu didangu karo salah siji pengujimu, “lha kapan olehmu potong?” kandhamu. Potonganmu sing dadi gundhul dadekake kanca-kanca kudu ngguyu wae saben ketem. Merga awakmu sing lemu ketambahan sirah gundhulmu.

***

Pancen nasibe wong ora ana sing ngerti. Kabeh saka kersane Gusti kang Mahawicaksana. Manungsa mung duweni wewenang kanggo ngupaya. Sawise iku, Gusti kang nemtokake sekabehane. Yen dadi, ya bakal dadi.

Wektu isuk, taun wingi, kaya adat saben acara neng kampus iki mesthi nganggo klenengan utawa beksan. Awake dhewe sakanca dipercaya ngisi, yen ra salah iku acara Warakawuri, kumpulane mbah-mbah sing wis dha pensiun saka kampus kene. Mesthi wae acarane gayeng, kaya adat sabene. Apa maneh sing rawuh para dedengkot, syukur yen dha kersa mberkahi nyekar utawa ndherek nabuh gamelan.

Sadurunge budhal nyang panggon pentas, yaiku neng auditorium, dhewe didhawuhi kumpul neng UKM. Isuk mruput wis mulih sik menyang kos merga arep adus. Aku wis dhisiki lan tekan kampus. Awakmu nyusul.

Neng UKM, aku sakanca wis tata-tata, nganggo jarik, beskap lan blangkon. Nanging saperangan uga ana sing durung teka, kelebu awakmu.

***

Nalika awakmu didhawuhi nglamar dadi dhosen kontrak ana jurusan, aku ngaturke selamat. Dina iku awakmu langsung gawe surat lamaran lan nglengkapi kabeh dokumen sing dibutuhake. Aku melu seneng. Kancaku seperjuangan dadi dhosen. Hebat kowe, Ndhut.

Ora let suwe, aku ya entuk lowongan ngajar ana salah siji SMA neng kutha Semarang. “Lumayan, kena kanggo sinau lan urip neng kene,” batinku. Awake dhewe padha-padha mlaku. Sadurunge dadi guru, aku uga nglakoni dadi penjaga warnet. “Selamat bekerja,” kandhamu nalika budhal nyang warnet. “Aja diarani nyambutgawe,” wangsulanku. Wektu kuwi,kanggoku menawa sing diarani nyambutgawe ya sing kepenak. Kelebu awakmu sing wis dipercaya ngajar ana jurusan.

Sajerone kesibukan dhewe-dhewe, aku lan awakmu isih aktif ana UKM. Melu rewang-rewang lan menehi solusi kanggo kanca-kanca sing padha takon bab organisasi. Iku merga awake dhewe rumangsa melu duweni. Awake dhewe sepakat, ora lila yen nganti UKM dileboni barang sing ala utawa niyat sing ora becik.

***

Aku sakanca kaget sanalika bareng krungu pambengok seru, “tulungi! tulungi! tulungi!”. Aku sing lagi nganggo jarik lan beskap, mlayu metu saka UKM. Neng samping lor kantin Bu Mali, awakmu wis kebrukan motor, ora isa tangi. “Sik, sik, sik, lara!” awakmu mbengok sambat sikil tengenmu lara. Aku sakanca nggotong kanthi ati-ati. Awakmu isih wae mbengok sambat lara. Digawa menyang jero UKM, kamar kidul.

Ora let suwe, awakmu jaluk tulung kon ngundangke tukang pijet. Bapake sing langganan dirawuhake. Awakmu dipijeti, isih wae sambat lara. Aku sakanca budhal kelenengan ana audit. Ngayahi wajib sing kudu ditindakna.

***

Aku mung isa nggrantes yen kelingan awakmu. Kepengin nangis. Aku sering ditakoni kanca-kanca, “lha endi soulmate-mu?”, “endi pacarmu?”. Ah, aku ya ngerti kanca-kanca manehi parapan ngono iku merga ngerti cedhake awake dhewe. Kanca kenthel sing kulina neng endi-endi bareng. Takdongakake ndang mari, Ndhut.

***

Jam 8 luwih 19, Minggu isuk, aku ditelepon karo adhiku wadon. “Mas, pun ngertos dereng? Mas Ranu boten wonten,” kandhane. “He?! Ya wis, mas takgolek info, adhik neng kos wae ya,” wangsulanku. Ora nganggo adus, aku banjur mlumpat saka panggonku turu. Lunga menyang WC sedhela, merga weteng ndilalah krasa rada mules. Banjur kuwi telepon Mas Widodo. “Takampiri, Mas. Aku neng kontrakane jenengan.”

Numpak motor, kaya-kaya aku wis ora duwe daya babar blas. Awakku lemes. Tekan kontrakan Mas Wid, piyambake sing taksuwun neng ngarep. “Aku lemes, Mas,” aturku.

Dalanan Trangkil nganti Kariadi dilalap kanthi ngebut. Sawise motor diparkirke, aku lan Mas Widodo mlaku cepet. Nerabas taman tumuju ruanganmu sing Mas Wid wis ngerti merga wingi wis tilik. Sanalika aku lemes. Awakmu wis dibuntel slimut. Diadhep karo Bapak, Ibu, lan Ommu. Sawise mlebu salaman karo penjenengane, aku milih neng jaba merga ora kuwawa weruh awakmu. Aku kaya-kaya ora percaya awakmu wis gelem dikayangonoke. Sing takngerteni, awakmu kelebu wong sing tangguh neng kahanan apa wae.

***

Aku kulina krungu swara adan, wiwit isuk nganti bengi. Ora ana bab kang ganjil yen krungu swara saka mesjid utawa musola iku. Nanging awan mau, swara iku ora takpengini babar blas. Adan lamat-lamat krungu saka jero luwengan. Neng jerone ana awakmu sing wis ora duweni daya.

***

Ben wae pundhakku krasa pegel merga melu ngangkat krandha sing isine awakmu, Ndhut. Ben wae. Kringet gobyos, mruntus, sirah rada puyeng merga wit isuk mau durung kelebon apa-apa. Apa maneh aku isih durung percaya awakmu kok ya cepet ninggalke aku sakanca.

Neng jero mobil Bapakmu, mau isuk pas negeterke awakmu mulih, Ommu ngendika akeh. Jare awakmu isih gelem crita, wingi, Setu isuk, nalika piyambake lagi wae rawuh neng Kariadi. Nanging ngendikane Ommu, Setu bengi awakmu wis ora gelem ngomong. “Wong sakitnya itu sebenarnya akumulasi dari…,”

Wis, embuh, embuh, aku ora kepengin ngrungokna luwih akeh ngendikane Ommu kuwi. Aku milih merem. Aku ethok-ethok merem wae. Niyatku kepengin ngeterke awakmu mulih. Embuh mulih menyang endi. Ya, takterke ya, Ndhut. Wis, aja neteske eluh wae.

… Gusti, menawi taksih dipunkeparengaken nyenyuwun, paringana papan ingkang sae kagem kadang kula menika.

***

Senin, meh rahina, isih neng tritis kene.

Saka kanca seneng lan susah, sing tansah tresna.

–Dhoni Zustiyantoro

2 thoughts on “Meh Rahina

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s